13 Aku banjur weruh saka ing cangkeme si naga lan ing cangkeme si kewan tuwin ing cangkeme kang ngaku-aku nabi iku ana roh reged telu padha metu kaya kodhok.
14 Yaiku roh-roh setan kang nganakake mukjijat-mukjijat, kang padha lunga nggoleki ratu-ratu saindenging jagad, padha diklumpukake diajak perang ing dina kang wingit, yaiku dinane Gusti Allah kang Mahakuwaos.
15 “Wruhanira, Ingsun rawuh kaya maling. Rahayu, wong kang jumaga lan kang ngrumat sandhangane, supaya anggone lumaku aja nganti kalawan wuda lan katon kawirangane.”
16 Anadene anggone nglumpukake iku mau ana ing pangonan, kang ing basa ibrani aran Harmagedhon.
17 Malaekat kang kapitu nyuntak bokore menyang ing awang-awang. Saka ing padaleman Suci banjur kaprungu swara seru saka ing dhampar iku, pangandikane: “Wus kalakon.”
18 Tumuli ana thathit cumleret lan gludhug gumleger, sarta ana lindhu gedhe kang salawase bumi dienggoni manungsa durung tau kalakon. Kaya mangkono hebate lindhu iku.
19 Temah kutha kang gedhe iku pecah dadi telu lan kutha-kuthane para bangsa kang padha ora wanuh marang Gusti Allah padha jugrug. Gusti Allah banjur kengetan marang Babil kang gedhe iku nuli kaparingan tuwung kang kebak isi anggur bebenduning dukane Gusti Allah.