4 Malaekat kang katelu nyuntak bokore menyang ing kali-kali lan tuking banyu, temahan banyune dadi getih.
5 Aku banjur krungu malaekat kang nguwaosi banyu iku munjuk:“Paduka punika adil, Paduka ingkang wonten sarta ingkang kala rumiyin sampun wonten, Paduka ingkang suci, ingkang sampun ndhawahi paukuman punika.
6 Amargi tiyang punika sampun sami ngwutahaken rahipun para suci lan para nabi, Paduka inggih sampun ngombeni rah tiyang-tiyang punika; makaten punika sampun samesthinipun tumrap tiyang-tiyang punika!”
7 Apadene aku krungu misbyah ngucap mangkene:“Dhuh Pangeran, Allah, Ingkang Mahakuwaos,leres lan adil sadaya pangadilan Paduka punika.”
8 Malaekat kang kapat nyuntak bokore menyang ing srengenge, lan iku tumuli kaparingan panguwasa mbrangas wong kalawan geni.
9 Temahan wong padha kagosongake dening panasing geni kang banter, banjur padha nyenyamah marang asmaning Allah, kang nguwaosi wewelak-wewelak mau, sarta ora mratobat ngluhurake marang Gusti Allah.
10 Malaekat kang kalima nyuntak bokore menyang ing dhampare si kewan temahan kaprabone iku dadi peteng, sarta wong-wong padha nggigiti ilate dhewe marga saka kelaran,