14 Lan iku kabeh bakal padha nempuh perang nglawan Sang Cempe. Nanging bakal dikalahake dening Sang Cempe lan para kang tinimbalan lan kang padha pinilih apadene kang setya, amarga Panjenengane iku Gustine para gusti lan Ratune para ratu.”
15 Malaekat mau tumuli ngandika marang aku: “Kabeh banyu kang kokdeleng, kang dilungguhi dening wanita tunasusila iku ngibarati para bangsa lan rakyat akeh tuwin golongan apadene basa.
16 Dene sungu sapuluh kang kokdeleng lang kewan iku bakal padha sengit marang si tunasusila iku, lan bakal didadekake kapiran lan diwudani tuwin dipangan daginge, wasana diobong kalawan geni.
17 Amarga atine wus diwangsit dening Gusti Allah supaya nglakoni kang dadi karsane kanthi tunggal sedya, apadene supaya masrahake paprentahane marang si kewan, nganti tumeka pangandikane Gusti Allah wus padha katetepan kabeh.
18 Anadene wong wadon kang kokdeleng iku, ngibarati kutha gedhe kang ngereh para ratu ing bumi.”