2 Kang dadi bedhangane para raja ing bumi, lan para wong kang manggon ing bumi wus padha mendem dening angguring bedhange.”
3 Sajrone aku kalimputan ing Roh aku kagawa menyang ing pasamunan. Ing kono aku weruh ana wong wadon nunggang kewan abang sulak wungu, kang awake sakojur kacirenan jeneng-jeneng panyenyamah. Endhase pitu lan sungune sapuluh.
4 Dene wong wadon mau nganggo jarit wungu lan jingga, sarta nganggo pasren mas, sesotya tuwin mutyara, tangane nyekel tuwung mas kang kebak isi sakehing barang kang saru lan jejembering laku jina.
5 Lan ing bathuke kacirenan jeneng, sawijining wewadi: “Babil gedhe baboning para tunasusila lan sakehing kanisthan ing bumi.”
6 Anadene aku weruh wong wadon mau mendem getihe para suci lan para seksine Gusti Yesus.Aku gumun banget nalika ndeleng iku mau.
7 Malaekat mau tumuli ngandika marang aku: “Yagene kowe kok gumun? Kowe dakkandhani bab wadine wong wadon lan wadine kewan tunggangane kang endhase pitu lan sungune sapuluh iku.
8 Kewan kang kokdeleng iku maune ana, nanging saiki ora ana, lan bakal njedhul saka ing teleng, sarta marani ing karusakan. Anadene para kang manggon ana ing bumi, kang jenenge ora katulisan ing buku kauripan wiwit jagad tinalesan, iku bakal padha kaeraman, samangsa padha weruh si kewan, dene maune ana saiki ora ana, mangka bakal ana maneh.