8 Kewan kang kokdeleng iku maune ana, nanging saiki ora ana, lan bakal njedhul saka ing teleng, sarta marani ing karusakan. Anadene para kang manggon ana ing bumi, kang jenenge ora katulisan ing buku kauripan wiwit jagad tinalesan, iku bakal padha kaeraman, samangsa padha weruh si kewan, dene maune ana saiki ora ana, mangka bakal ana maneh.
9 Kang prelu ing kene yaiku budi kang wicaksana: endhas pitu iku ngibarati gunung pitu, kang dilungguhi dening wong wadon mau.
10 Karodene uga ngibarati ratu pitu; kang lima wus padha ambruk, kang siji saiki ana, sijine durung teka, dene samangsa wus teka, iku tetep mung sawatara mangsa.
11 Anadene si kewan kang maune ana, saiki ora ana, iku dhewe dadi raja kang kawolu lan sanadyan mangkono dadi panunggalane kang pitu iku, sarta marani karusakan.
12 Dene sungu sapuluh kang kokdeleng iku ratu sapuluh kang durung wiwit mrentah, nanging bakal padha nampani panguwasaning ratu, bebarengan karo si kewan suwene sajam.
13 Iku padha sarujuk, masrahake kasekten lan panguwasane marang si kewan iku.
14 Lan iku kabeh bakal padha nempuh perang nglawan Sang Cempe. Nanging bakal dikalahake dening Sang Cempe lan para kang tinimbalan lan kang padha pinilih apadene kang setya, amarga Panjenengane iku Gustine para gusti lan Ratune para ratu.”