1 Sawuse mangkono, aku weruh malaekat liyane tumedhak saka ing swarga. Malaekat mau kagungan panguwasa gedhe sarta bumi dadi padhang marga saka kamulyane.
2 Malaekat mau nguwuh-uwuh kalawan swara seru:“Wus rubuh, wus rubuh Babil, kutha gedhe iku.Lan wus dadi dhangkane para roh reged lan papan pandhelikane para roh najis,tuwin sarupaning manuk kang najis lan kang sinengitan,
3 awit sakehe para bangsa wus padha ngombe anggur hawa-nepsune kang saru, sarta para raja ing bumi padha laku jina karo dheweke,tuwin para sudagar ing bumi wus padha dadi sugih marga saka hawa-nepsune.”
4 Aku tumuli krungu swara liyane, saka ing swarga, kang ngandika:“He, umatingSun, padha sumingkira saka ing antarane,supaya sira aja nganti kalepetan ing dosane,lan aja nganti melu kena ing wewelake.
5 Amarga dosane wus ngundhung-undhung kongsi sundhul ing langit, lan Gusti Allah wus ngengeti ing sakehe pialane.
6 Walesen kaya kang dadi pamalese marang sira,lan tikelana loro saka panggawene,tuwunge kang kanggo nyampur iku isenana tikel loro;
7 patrapana panyiksa lan kaprihatinan,kayadene anggone wus ngrasakake kaluhuran lan kamukten.Sabab osiking atine mangkene:Aku lungguh ing dhampar kaya ratu,aku dudu randha,lan aku ora bakal tau prihatin.