1 “Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Efesus: Iki pangandikane kang ngasta lintang pepitu ing astane tengen lan kang mlampah-mlampah ing antarane padamaran mas pepitu iku.
2 Ingsun ngudaneni sakehing panggawenira: iya marang rekasanira iya marang kaantepanira. Ingsun ngudaneni, manawa sira ora bisa nyabari para wong duraka, lan manawa sira wus ndadar wong-wong kang ngaku-aku rasul, mangka ing sanyatane dudu, manawa sira wus meruhi manawa iku padha tukang goroh.
3 Apa maneh sira tetep sabar sarta nandhang sangsara marga saka AsmaningSun; lan sira ora tau ngrasa sayah.
4 Sanadyan mangkono sira Ingsun waoni, dene sira wus ninggal katresnanira kang kawitan.
5 Kang iku sira elinga sapira jerone anggonira keplorod! Mula mratobata sarta nglakonana kaya panggawenira kang sakawit. Manawa ora mangkono, Ingsun mesthi bakal ngrawuhi sira, sarta Ingsun bakal mundhut padamaranira saka ing panggonane, manawa sira ora mratobat.
6 Nanging iki kang dumunung ing sira, yaiku dene sira nyengiti panggawene para panganute Nikolaus, kang uga Ingsun sengiti.