14 Sabanjure baluwartine kutha iku ana watune tetales rolas, ing dhuwur kacirenan jenenge para rasule Sang Cempe rolas.
15 Anadene kang mangandikani aku iku ngasta lantaran ukuran mas, kagem ngukur kutha iku, dalah gapurane lan baluwartine.
16 Wangune kutha mau pesagi, dawane padha karo ambane. Dene anggone ngukur nagara iku kalawan teken ukuran mau: tinemune ana rolas ewu stadi; dawane lan ambane tuwin dhuwure iku padha.
17 Dene baluwartine diukur tinemu satus patang puluh papat asta, manut ukurane manungsa, kang iya dadi ukurane malaekat.
18 Baluwartine iku kang kagawe sotya yaspis; lan kuthane dhewe iku mas tulen, kaya kaca murni.
19 Tetalese baluwartining kutha padha rinengga ing sesotya adi mancawarna. Tetalese kang kapisan iku yaspis, kang kapindho nilam, kang katelu mirah, kang kapat jumerud,
20 kang kalima sardonik, kang kanem sardis, kang kapitu retna cempaka, kang kawolu beril, kang kasanga krisolit, kang kasepuluh krisopas, kang kasewelas lazuardi, lan kang karolas kecubung.