1 Aku tumuli sumurup kitab gulungan ana ing astane tengen kang lenggah ing dhampar mau, kang katulisan ing jero lan ing jaba lan disegel nganggo segel pitu.
2 Tumuli aku weruh malaekat kang prakosa nguwuh-uwuh kalawan swara sora: “Sapa kang sembada ngudhari gulungan kitab iku lan ngletheki segele?”
3 Nanging ing swarga lan ing bumi tuwin sangisoring bumi, ora ana kang bisa ngudhari gulungan kitab mau sarta nyumurupi ing sisih jerone.
4 Aku tumuli nangis kelara-lara, marga ora ana kang tinemu sembada ngudhari utawa nyumurupi sisih jerone gulungan kitab mau.
5 Banjur ana pinituwa kang ngandika marang aku: “Kowe aja nangis! Lah, Sang Singa kang saka trah Yahuda, yaiku sogolane Sang Prabu Dawud, wus unggul, temah bisa ngudhari gulungan kitab iku lan ngletheki segele pitu.”
6 Aku banjur sumurup ing satengahe dhampar lan makluk papat iku tuwin ing satengahe para pinituwa mau ana Cempe jumeneng katone kaya wus kasembeleh, singate pitu lan tingale pitu: yaiku Rohe Allah pepitu kang kautus menyang ing salumahing bumi.
7 Sang Cempe mau banjur nyelak sarta nampani kitab mau saka astane tengen kang pinarak ing dhampar.