1 Lah aku banjur sumurup Sang Cempe iku nglethek segel kang kapisan saka segel pitu mau, lan aku krungu makluk papat mau kang kapisan ngucap, swarane kaya gludhug: “Mara ndelenga!”
2 Tumuli aku ndeleng: Lah, ana jaran putih, kang nunggang nyekel panah lan nganggo makutha ganjaran. Wong mau banjur maju kaya kang wus unggul banjur ngrebut kaunggulan maneh.
3 Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segel kang kapindho, aku krungu makluk kang kapindho ngucap: “Mara ndelenga!”
4 Tumuli ana jaran liyane maju, ulese abang mbaranang sarta kang nunggang kaparingan panguwasa ngilangi tentrem-rahayu saka ing bumi, supaya wong padha paten-pinatenan, lan uga kaparingan pedhang gedhe.
5 Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segel kang katelu aku krungu makluk kang katelu ngucap: “Mara ndelenga!” Tumuli aku weruh: lah, ana jaran ireng, kang nunggangi nyekel timbangan.
6 Aku tumuli krungu ana swara ing tengah-tengahe makluk papat iku tembunge: “Gandum sataker sadinar, lan sair telung taker sadinar. Ananging aja ngrusakake lenga lan anggur iku.”
7 Lan nalika Sang Cempe nglethek segel kang kapat, aku krungu makluk kang kapat ngucap: “Mara ndelenga!”