14 Langit tumuli nglunthung kaya kitab sarta sakehing gunung lan pulo padha ngalih saka ing panggonane.
15 Para raja ing bumi lan para panggedhe sarta para prawira, lan para wong sugih sarta para wong kang kuwasa, lan sakehing batur sarta wong mardika padha ndhelik menyang ing guwa-guwa lan ing antarane watu-watu karang ing gunung.
16 Iku mau kabeh padha calathu marang gunung-gunung lan marang watu parang: “Aku padha jugrugana lan dhelikna supaya aja kauningan ing Panjenengane, kang lenggah ing dhampar lan kena ing bebendune Sang Cempe iku.”
17 Sabab dinaning bebendune kang wingit wus teka, mangka sapa kang kuwasa nadhahi?