8 Tumuli aku weruh: lah ana jaran ijo-kuning siji sarta kang nunggang jenenge si Pati, lan dietutake dening teleng palimengan. Lan iku padha kaparingan panguwasa mateni isining jagad saprapat srana pedhang, pailan sarta pageblug, tuwin kalawan kewan-kewan galak ing bumi.
9 Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segel kalima, aku tumuli weruh sangisore misbyah ana nyawane para kang wus kapatenan marga saka pangandikane Gusti Allah lan marga saka paseksene.
10 Nyawa-nyawa mau padha nguwuh-uwuh kalawan swara sora: “Ngantos pinten laminipun malih, dhuh Sang Kristus ingkang Maha Suci sarta Sajati, anggen Paduka boten ngadili saha malesaken rah kawula dhateng tiyang ingkang manggen wonten ing bumi?”
11 Tumuli padha kaparingan jubah putih, sarta kadhawuhan, supaya lerem sawatara mangsa engkas nganti tumeka saganeping cacahe para kancane abdi lan sadulur-sadulure, kang iya bakal padha dipateni, kaya wong-wong mau.
12 Bareng Sang Cempe nglethek segel kang kanem, aku tumuli weruh: lah ana lindhu kang nggegirisi lan srengenge dadi ireng kaya kanthong wulu lan rembulan dadi abang mbranang kaya getih.
13 Lan lintang-lintang ing langit padha rontog marang ing bumi, kaya wit anjir ngrontogake wohe kang isih mentah, manawa katempuh ing angin gedhe.
14 Langit tumuli nglunthung kaya kitab sarta sakehing gunung lan pulo padha ngalih saka ing panggonane.