14 Atur wangsulanku: “Bapak, punika panjenengan ingkang uninga.” Pinituwa mau banjur ngandika marang aku: “Iku para kang luwar saka ing sangsara gedhe sarta wus padha ngumbah jubahe nganti putih ing rahe Sang Cempe.
15 Mulane padha ngadhep ana ing ngarepe dhamparing Allah lan padha ngladosi Panjenengane rina-wengi ana ing Padalemane Suci, apadene bakal padha ingauban dening kang lenggah ing dhampar iku kalawan tarube,
16 sarta ora bakal padha ngelih lan ngelak maneh, tuwin bakal ora kena ing dayaning srengenge utawa ing panas kang sumelet.
17 Amarga bakal padha diengen sarta diirid menyang tuking banyu kauripan dening Sang Cempe kang ana satengahing dhampar iku, lan Gusti Allah bakal ngusapi sakehe eluh ing mripate.”