7 saka taler Simeon rolas ewu,taler Lewi rolas ewu,taler Isakhar rolas ewu,
8 saka taler Zebulon rolas ewu,taler Yusuf rolas ewu,taler Benyamin rolas ewu.
9 Sawuse mangkono aku weruh: lah ana golonganing wong akeh kang cacahe tanpa wilangan, saka sakehing bangsa lan taler tuwin golongan sarta basa, ngadeg ana ing sangarepe dhampar lan ing ngarsane Sang Cempe, padha nganggo jubah putih lan nyekel godhong kurma.
10 Iku padha nguwuh kalawan swara seru:“Karahayon punika sayogya kadarbe ing Allah kawula ingkang lenggah ing dhampar saha ing Sang Cempe!”
11 Anadene sakehing malaekat padha mapan ana ing saubenging dhampar lan para pinituwa tuwin makluk papat iku. Iku padha sumungkem ana ing ngarepe dhampar sarta padha sujud marang Gusti Allah,
12 kalawan munjuk:“Amin! Sakathahing puji lan kamulyan, sarta kawicaksanan tuwin panuwun, saha kaurmatan miwah panguwaos punapadene kasekten sayogya kadarbe ing Allah kita langgeng salami-laminipun! Amin!”
13 Tumuli ing antarane para pinituwa mau ana kang ndangu marang aku: “Sapa kang padha manganggo jubah putih iku lan pinangkane saka ing ngendi?”