5 Malaekat mau tumuli mundhut padupan mas iku, diiseni geni saka ing misbyah, lan geni iku banjur diuncalake marang ing bumi. Tumuli ana swara gumlegering gludhug, bareng lan bledheg sarta lindhu.
6 Malaekat pitu kang ngasta kalasangka pitu mau banjur padha tata-tata arep ngungelake kalasangkane.
7 Malaekat kang kapisan banjur ngungelake kalasangkane, tumuli ana udan es, lan geni, campur getih; lan kabeh mau katibakake ing bumi; temah sapratelone bumi lan sapratelone wit-witan kobong sarta sakehe suket ijo padha geseng.
8 Malaekat kang kapindho tumuli ngungelake kalasangkane tumuli ana rerupan saemper gunung gedhe kang murub, kacegurake ing sagara. Temah sapratelone sagara iku dadi getih,
9 lan titah ing sagara kang duwe nyawa sapratelone padha mati tuwin sapratelone prau-prau padha sumyur.
10 Malaekat kang katelu tumuli ngungelake kalasangkane, banjur ana lintang gedhe tiba saka ing langit, murub kaya obor, sarta nibani sapratelon kali-kali lan etuk-etuking banyu.
11 Anadene lintang mau jenenge Apsintus. Satemah sapratelone sakehing banyu dadi apsintus, njalari akeh wong kang padha mati marga saka banyu mau, awit wus dadi pait.