9 lan titah ing sagara kang duwe nyawa sapratelone padha mati tuwin sapratelone prau-prau padha sumyur.
10 Malaekat kang katelu tumuli ngungelake kalasangkane, banjur ana lintang gedhe tiba saka ing langit, murub kaya obor, sarta nibani sapratelon kali-kali lan etuk-etuking banyu.
11 Anadene lintang mau jenenge Apsintus. Satemah sapratelone sakehing banyu dadi apsintus, njalari akeh wong kang padha mati marga saka banyu mau, awit wus dadi pait.
12 Malaekat kang kapat banjur ngungelake kalasangkane, nuli sapratelone srengenge lan sapratelone rembulan tuwin sapratelone lintang-lintang katempuh, temah sapratelone iku padha dadi peteng, lan sapratelone rina ora padhang, sarta wengine iya mangkono uga.
13 Aku banjur weruh, lan krungu sawijining manuk garudha mabur ing satengahing langit lan ngucap kanthi swara seru: “Bilai, bilai, bilai wong kang manggon ana ing bumi awit saka swarane kalasangkane malaekat telu liyane, kang isih bakal ngungelake kalasangkane.”