18 Sapratelone umat manungsa padha dipateni dening wewelak telu iku, yaiku geni, lan pega tuwin welirang kang padha metu saka ing cangkeme.
19 Awitdene dayane jaran-jaran mau dumunung ana ing cangkeme lan buntute; amarga buntute iku kaya ula; padha nganggo endhas, iku kanggo nganakake karusakan.
20 Ananging kekarene wong kang ora dipateni kalawan wewelak iku mau, meksa ora padha mratobat nyingkiri pagaweaning tangane: ora mareni anggone padha nyembah marang para dhemit lan brahala-brahala mas, salaka, tembaga, watu apadene kayu kang ora bisa ndeleng, krungu utawa lumaku.
21 Apamaneh uga padha ora mratobat sumingkir saka anggone memateni, utawa nenung, sarta laku jina, apadene nyenyolong.