2 Tumuli lawanging teleng mau kabukak, banjur ana pega kumelun saka ing teleng kaya pegane pawon gedhe, temahan srengenge lan awang-awang padha kapetengan dening pegane teleng mau.
3 Tumuli pega iku metu walange akeh padha neba ing bumi lan padha kaparingan daya kayadene dayane kalajengking ing bumi.
4 Lan padha kadhawuhan, supaya aja padha ngrusak suket-suket ing bumi, utawa marang sadhengaha thethukulan lan wit-witan, kajaba mung marang manungsa kang ing bathuke ora ana cape Gusti Allah.
5 Karodene walang-walang mau ora diparengake mateni manungsa, ananging mung nyiksa bae lawase limang sasi, lan anggone nyiksa iku kaya panyiksane kalajengking, samasa ngentup wong.
6 Ing mangsa iku wong-wong bakal ngupaya pati, nanging ora bisa, lan padha kapengin mati, ananging padha kaoncatan ing pati.
7 Anadene mungguh rupane walang-walang mau kaya jaran kang samekta ing perang, ing endhase ana kang saemper makutha emas, raine kaya raine manungsa,
8 lan rambute kaya rambute wong wadon, lan untune kaya untune singa,