4 Lan padha kadhawuhan, supaya aja padha ngrusak suket-suket ing bumi, utawa marang sadhengaha thethukulan lan wit-witan, kajaba mung marang manungsa kang ing bathuke ora ana cape Gusti Allah.
5 Karodene walang-walang mau ora diparengake mateni manungsa, ananging mung nyiksa bae lawase limang sasi, lan anggone nyiksa iku kaya panyiksane kalajengking, samasa ngentup wong.
6 Ing mangsa iku wong-wong bakal ngupaya pati, nanging ora bisa, lan padha kapengin mati, ananging padha kaoncatan ing pati.
7 Anadene mungguh rupane walang-walang mau kaya jaran kang samekta ing perang, ing endhase ana kang saemper makutha emas, raine kaya raine manungsa,
8 lan rambute kaya rambute wong wadon, lan untune kaya untune singa,
9 lan dhadhane kaya nganggo kere wesi, kumrasaking elare kaya gumrubyuging kareta kang digered ing jaran akeh, kang padha mlayu menyang ing paperangan.
10 Buntute kaya kalajengking, lan uga ana entupe, dene buntute iku gunane kanggo milara manungsa lawase limang sasi.