1 Sasedane Sang Prabu Saul, nalika Senapati Dawud kondur saka ngasorake wong Amalek, sarta lereb rong dina ana ing Ziklag,
2 ing dina katelune ana wong panunggalane balane Sang Prabu Saul, panganggone rowak-rawek, lan sirahe kawur-wuran lemah. Bareng tekan ing ngarsane Sang Senapati Dawud, sujud konjem ing bumi sarta nyembah.
3 Sang Dawud ndangu wong mau: “Saka ngendi tekamu?” Atur wangsulane wong mau: “Kawula keplajeng saking pabarisanipun Israel.”
4 Pandangune maneh: “Kapriye pawartane? Mara aku caritanana!” Atur wangsulane: “Wadyabala sampun sami keplajeng saking paprangan, boten namung panunggilanipun wadyabala kemawon ingkang ambruk pejah, dalasan Sang Prabu Saul saha Pangeran Yonatan, putranipun, ugi sami seda.”
5 Senapati Dawud banjur ngandika marang wong kang nggawa pawarta iku: “Kapriye ngretimu, yen Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan, putrane wis seda?”
6 Atur wangsulane kang nggawa pawarta mau: “Kapinujon kawula wonten ing pareden Gilboa; saking ngriku katingal Sang Prabu Saul lendhehan ing waosipun, mangka dipun oyak kreta-kreta tuwin bala kapalan.