1 Peperangane antarane kulawargane Prabu Saul lan kulawargane Prabu Dawud kelantur-lantur; Prabu Dawud sangsaya suwe sangsaya santosa, balik kulawargane Prabu Saul sangsaya ringkih.
2 Para putrane kakung Prabu Dawud kang miyos ana ing kutha Hebron, kang pembayun, patutan saka Ahinoam, wong wadon saka Yizreel, asmane Amnon;
3 putrane panenggak, patutan saka Abigail randhane Nabal, wong ing Karmel, asmane Kileab; putrane pandhadha asma Absalom, patutan saka Sang Putri Maakha, putrane Sang Prabu Talmai, ratu ing Gesur,
4 putrane kang kapat, patutan saka Hagit, asmane Adonia, putrane kang kalima, patutan saka Abital, asmane Sefaca,
5 lan putrane kang kanem, patutan saka Egla, asmane Yitream. Iku kabeh putrane Prabu Dawud kang miyos ana ing Hebron.
6 Salawase ana peperangan antarane kulawargane Sang Prabu Saul lan kulawargane Sang Prabu Dawud, Sang Abner saya gedhe pangaribawane ing satengahe kulawargane Prabu Saul.
7 Sang Prabu Saul kagungan tilaran garwa ampeyan jenenge Rizpa, anake wadon Aya. Prabu Isyboset ngandika marang Senapati Abner: “Kenging punapa sampeyan kok ngempali ampilipun kanjeng rama?”
8 Senapati Abner duka banget, amarga saka pangandikane Prabu Isyboset mau, ature: “Kawula punika punapa endhas segawon Yehuda? Ngantos sapriki kawula tansah nandukaken kasetyan kawula dhateng kulawarganipun Sang Prabu Saul, kang rama, inggih dhateng para sadherekipun lan dhateng para mitranipun, lan kawula tansah ngeman panjenengan dalem sampun ngantos dhumawah ing astanipun Sang Prabu Dawud, nanging sapunika panjenengan dalem ndakwa kawula lampah awon kaliyan tiyang estri.
9 Mugi Gusti Allah paringa paukuman dhateng Abner, malah nglangkungana saking punika, manawi kawula boten nandukaken dhateng Sang Prabu Dawud ingkang kaprasetyakaken dening Sang Yehuwah kaliyan supaos dhumateng panjenenganipun.
10 Inggih punika mindhah kratonipun Sang Prabu Saul lan ngedegaken dhamparing karajanipun Sang Prabu Dawud, temah ngereh Israel lan Yehuda, wiwit ing Dhan ngantos dumugi ing Bersyeba.”
11 Lan Sang Prabu Isyboset ora bisa mangsuli sakecap-kecapa marang Senapati Abner, amarga saka eringe marang panjenengane.
12 Senapati Abner banjur utusan marang ngarsane Prabu Dawud sarta diweling: “Nagari punika kagunganipun sinten? Kawula aturi damel prajanjian kaliyan kawula, kawula saestu badhe mbiyantu panjenengan dalem, supados sakathahipun tiyang Israel sami ngawula panjenengan dalem.”
13 Paring wangsulane Prabu Dawud: “Iya becik, ingsun bakal gawe prajanjian kalawan sira, mung bae ana saprakara kang sunpundhut marang sira, yaiku sira ora bakal sowan marang ing ngarsaningsun, yen sira ora ngaturake Sang Putri Mikhal, putrane Sang Prabu Saul, samangsa sira seba marang ing ngarsaningsun.”
14 Sang Prabu Dawud uga utusan wong sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Isyboset, putrane Prabu Saul, kanthi piweling: “Garwa kula Mikhal panjenengan wangsulaken dhateng kula malih, ingkang sampun kula tumbas srana ikutipun tiyang jaler Filisti satus.”
15 Sang Prabu Isyboset tumuli utusan mundhut putri iku saka ing omahe Paltiel, bin Lais.
16 Lan somahe ngiringake Sang Putri karo nangis nganti tekan ing Bahurim. Senapati Abner banjur nyentak marang dheweke: “Wis muliha!” Wong mau banjur mulih.
17 Ing wektu samono Senapati Abner rerembagan karo para tetuwane Israel, pangandikane: “Sampun sawatawis dangu panjenengan ngersakaken supados Sang Prabu Dawud jumeneng ratu ngerehaken panjenengan.
18 Sumangga sapunika panjenengan sami ngleksanana, amargi Sang Yehuwah sampun ngandika dhateng Sang Prabu Dawud makaten: Lumantar abdiningSun Dawud Ingsun bakal ngluwari umatingSun Israel saka ing tangane wong Filisti lan saka ing tangane sakehe mungsuhe.”
19 Senapati Abner uga rembagan karo wong Benyamin; Sang Abner uga banjur tindak menyang Hebron, ngrembag karo Sang Prabu Dawud sakehing prakara kang wus kaanggep prayoga dening wong Israel lan sakehe turune Benyamin.
20 Bareng Senapati Abner seba menyang ing ngarsane Sang Prabu Dawud, kadherekake wong rong puluh, Sang Prabu Dawud banjur nganakake bujana kagem Senapati Abner sapandhereke.
21 Senapati Abner munjuk marang Sang Prabu Dawud: “Keparenga kawula ngempalaken sakathahing tiyang Israel kasowanaken wonten ing ngarsa dalem, supados sami damela prajanjian kaliyan gusti kawula, lan gusti lajeng jumenenga ratu mengku samudayanipun ingkang panjenengan dalem karsakaken.” Sang Prabu Dawud banjur nglilani Senapati Abner mundur lan tindak kanthi slamet.
22 Wadya-balane Sang Prabu Dawud lagi bae mulih saka anggone nglurug kairid dening Senapati Yoab lan nggawa barang rayahan akeh. Nanging Senapati Abner wus mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Dawud ing Hebron, amarga Senapati Abner wis diparengake lengser kanthi slamet.
23 Bareng Senapati Yoab wis kondur kadherekake wadya-balane, diaturi pirsa mengkene: “Lah Senapati Abner, bin Ner, sampun sowan dhateng ing ngarsanipun Sang Prabu Dawud, lan sampun dipun parengaken mundur kanthi wilujeng.”
24 Senapati Yoab tumuli sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud, ature: “Punapa ta ingkang panjenengan dalem tindakaken punika? Abner sampun sowan ing ngarsa dalem, kenging punapa panjenengan dalem parengaken mundur makaten kemawon?
25 Panjenengan dalem punapa boten uninga wewatekanipun Abner bin Ner punika? Dhatengipun rak badhe ngloropaken panjenengan dalem lan supados mangretos gelat-gelit dalem saha badhe nyumerepi sadaya, ingkang badhe panjenengan dalem tindakaken.”
26 Sawuse iku Senapati Yoab mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Dawud lan utusan wong nututi Sang Abner, banjur diirid bali saka ing sumur Sira ora kanthi kauningan dening Sang Prabu Dawud.
27 Nalika Senapati Abner bali menyang Hebron, Sang Yoab ngajak mire panjenengane sadhela menyang ing tengahing gapura, api-api ngajak rembugan panjenengane sesidheman, wasana disuduk padharane ana ing kono temah seda, males getihe Asael, rayine.
28 Bareng prakara iku kapiyarsa dening Sang Prabu Dawud, panjenengane ngandika: “Ingsun lan kratoningsun ora kaluputan ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nganti salawas-lawase mungguh getihe Abner bin Ner iku.
29 Kareben iku disangga dening Yoab dhewe lan sakehe kulawargane. Ing saturun-turune ora pegat-pegat anaa kang lara umbelen, lara lepra, kang mlaku nganggo jagul, kang mati dening pedhang, utawa kekurangan pangan.”
30 Mengkono anggone Senapati Yoab lan Sang Abisai sadhereke, nyedani Sang Abner, amarga Sang Abner nyedani Sang Asael sadhereke ana ing Gibeon, ana ing paprangan.
31 Sang Prabu Dawud ngandika marang Senapati Yoab lan marang para kawula kang ngadhep panjenengane: “Mara padha nyuweka panganggonira lan sabukana jarit kasusahan lan nangisa ana ing ngarepe layone Abner.” Sang Prabu Dawud piyambak uga tindak ana ing burine layon.
32 Nalika wong padha nyarekake Sang Senapati Abner ana ing Hebron, Sang Prabu Dawud muwun kanthi swara dumeling ana ing pakuburane Sang Abner lan sakehing kawula iya padha nangis.
33 Marga saka Sang Abner iku Sang Prabu ngrepekake kidung panangis iki:“Genea Abner matine kaya wong rucah,
34 tanganira tan binanda lan sikilira ora karante,gugurira kaya wong kang tiwas dening durjana.”Lan para kawula kabeh saya banget anggone padha nangis marga saka panjenengane.
35 Sakehing wong padha sowan ngaturi dhahar marang Sang Prabu ing nalika wayah awan, nanging Sang Prabu supaos, pangandikane: “Muga Gusti Allah ndhawahna paukuman marang aku mengkene, malah ngluwihana saka iku, yen sadurunge srengenge surup aku ngantia ngrasakake roti utawa liyane.”
36 Nalika wong kabeh weruh prakara iku, nganggep bab iku prayoga kayadene anggone padha nganggep becik kabeh kang katindakake dening Sang Prabu.
37 Dadine para kawula kabeh, apadene sakehe wong Israel ing dina iku padha ngreti, yen anggone Senapati Abner sinedanan iku dudu karsane Sang Nata.
38 Sang Prabu nuli ngandika marang para punggawane: “Apa sira padha ora ngreti, yen ing dina iki ana panggedhe, wong agung ing Israel kang nemu tiwas?
39 Nanging ingsun iki saiki isih ringkih, sanadyan wis jinebadan dadi ratu, mangka wong-wong iku, anak-anake Zeruya, kerase padha ngluwihi ingsun. Muga Sang Yehuwah paring piwales marang wong kang nindakake piala cundhuk karo panggawene kang ala.”