2 Samuel 2 JAV

Sang Dawud jumeneng ratu ana ing Yehuda

2:1-7

1 Sang Dawud banjur munjuk pitakon marang Pangeran Yehuwah, ature: “Kawula punapa Paduka karsakaken bidhal dhateng salah satunggaling kitha ing Yehuda?” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mangkata!” Senapati Dawud nuli matur: “Kawula kadhawuhan dhateng pundi?” Pangandikane Sang Yehuwah: “Menyanga ing Hebron!”

2 Senapati Dawud banjur tindak mrana, kadherekake garwane karo pisan: Ahinoam, wong wadon saka ing Yizreel, lan Abigail, randhane Nabal, wong ing Karmel.

3 Senapati Dawud uga ngajak para wong kang ndherekake tindake, sawiji-wijine karo kulawargane lan padha manggon ana ing Hebron.

4 Wong Yehuda nuli padha nekani, sarta padha njebadi panjenengane dadi ratune para turune Yehuda.Nalika Sang Prabu Dawud diaturi pirsa, yen para wong Yabesy-Gilead padha nyarekake Sang Prabu Saul,

5 Sang Prabu Dawud banjur utusan wong menyang Yabesy-Gilead, kanthi kaweling: “Muga sira padha binerkahana ing Sang Yehuwah, amarga sira wus ngatonake katresnanira marang Sang Prabu Saul, gustinira, yaiku anggonira padha nyarekake layone.

6 Mulane Sang Yehuwah muga nandukna sih lan kasetyane marang sira. Ingsun uga bakal nandukake kabecikan iki marang sira, amarga sira wus nindakake prakara kang kaya mangkono iku.

7 Disantosa atinira saiki lan padha dadia wong kang gagah prakosa, sanadyan gustinira Sang Prabu Saul wus seda; dene ingsun wus dijebadi dening tedhake Yehuda dadi ratune.”

Peperangan antarane Prabu Dawud lan Pangeran Isyboset

2:8--3:1

8 Sang Abner, bin Ner, senapatine Sang Prabu Saul, wus nambut Pangeran Isyboset, putrane Prabu Saul lan didherekake: menyang ing Mahanaim,

9 sarta dijumenengake dadi ratune tanah Gilead, wong Asyuri, Yizreel, Efraim lan Benyamin, malah ngereh salaladane Israel kabeh.

10 Pangeran Isyboset bin Saul ing wektu samana yuswane patang puluh taun, nalika jumeneng ratu, ngereh bangsa Israel, dene anggone ngasta paprentahan lawase rong taun. Mung tedhake Yehuda kang ndherek Sang Prabu Dawud.

11 Prabu Dawud anggone ngereh tedhake Yehuda ana ing Hebron lawase pitu setengah taun.

12 Senapati Abner, bin Ner, klawan balane Prabu Isyboset, bin Saul nglurug saka ing Mahanaim menyang ing Gibeon.

13 Sang Yoab bin Seruya lan balane Prabu Dawud uga metoni. Anggone ketemu ana ing telaga Gibeon, nuli padha pacak baris ana ing kono. Kang siji ana ing sisih kene, sijine ana ing sisih kana.

14 Senapati Abner ngandika marang Senapati Yoab: “Cikben wong nom-noman padha maju, padha perang tandhing ana ing ngarep kita.” Wangsulane Senapati Yoab: “Becik.”

15 Banjur padha maju perang mawa diwilang; rolas saka taler Benyamin, balane Prabu Isyboset, putrane Sang Prabu Saul, lan rolas saka balane Prabu Dawud.

16 Wong-wong iku padha candhak-cinandhak sirahe, lan padha pedhang-pinedhang lambunge, temah padha mati sampyuh. Mulane panggonan kono diarani Helkat-Hazurim; prenahe ing sacedhake Gibeon.

17 Ing dina iku campuhing perang ngebat-ebati, lan Sang Abner sabalane padha disorake dening balane Prabu Dawud.

18 Putrane kakung Sang Zeruya telu, yaiku Sang Yoab, Abisai lan Asael padha ana ing kono; Sang Asael iku playune kaya kidang ana ing ara-ara.

19 Sang Asael anggone mbujeng nututi Sang Abner ora menggak-menggok mangiwa utawa manengen.

20 Senapati Abner banjur noleh lan ndangu: “Apa iki kowe Asael?” Wangsulane: “Iya aku.”

21 Senapati Abner banjur ngandika maneh: “Cekelen salah sawijining wong nom-noman iku lan rebuten gegamane.” Nanging Sang Asael ora karsa mandheg anggone mbujeng Sang Abner.

22 Senapati Abner banjur ngandika sapisan engkas: “Mandhega anggonmu mburu aku. Apa kowe njaluk dakgepuk nganti ambruk? Iba isinku nyawang marang kakangmu Yoab!”

23 Nanging Sang Asael ora kersa mandheg. Senapati Abner banjur njojoh lambunge Sang Asael kalawan tumbake, nganti tembus ing gegere, temah ambruk ana ing kono lan seda ngenggon. Sakehing wong kang padha teka ing panggonane Sang Asael kang ambruk banjur seda mau, padha mandheg.

24 Nanging Sang Yoab lan Sang Abisai padha nguber-uber Sang Abner. Bareng wis surup srengenge lan padha teka ing sacedhake gunung Ama, kang ana ing sawetane Giakh, kang kaprenah ing sangarepe pasamunan Gibeon,

25 bani Benyamin padha ngumpul ana ing saburine Senapati Abner dadi sagelengan lan wis padha siyaga ana ing pucaking gunung.

26 Senapati Abner banjur nguwuh-uwuh marang Sang Yoab: “Punapa pedhang punika kedah lajeng kemawon anggenipun memangsa? Punapa panjenengan boten mangretos, manawi wekasanipun badhe ngraosaken pait getir. Ngantos taksih pinten dangunipun anggen panjenengan boten karsa ndhawuhi dhateng bala, supados sami kendel anggenipun ngoyak-oyak para sadherekipun?”

27 Wangsulane Senapati Yoab: “Demi asmanipun Sang Yehuwah agesang, saupami panjenengan wau-wau sampun ngandika, wiwit wanci enjing rakyat sampun sami mundur anggenipun mbujeng sadherekipun.”

28 Senapati Yoab banjur ngunekake kalasangka, temah sakehing bala padha leren anggone mburu wong Israel lan ora perang maneh.

29 Sawengi muput Senapati Abner anggone tindak kadherekake wadya-balane nglangkungi Araba-Yordan, nyabrang ing bengawan Yarden, meh sadina kaceput anggone padha lumaku terus, nganti tekan ing Mahanaim.

30 Nalika Senapati Yoab wus kendel anggone ngoyak-oyak Sang Abner lan ngumpulake sakehing balane, banjur kasumurupan yen balane Prabu Dawud ana kang kecicir wong sangalas, kalebu Sang Asael.

31 Nanging balane Prabu Dawud oleh pepati kehe telung atus sawidak saka taler Benyamin, balane Sang Abner.

32 Banjur padha ngukup layone Sang Asael lan disarekake ana ing makame ramane ana ing Betlehem. Sang Yoab banjur tindak sabalane ing bengi iku uga, dene rawuhe ing Hebron, nalika wis padhang raina.

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21 22 23 24