7 Nalika noleh mawingking mirsani kawula, lajeng nimbali kawula, lan kawula matur: Nuwun, Gusti kawula.
8 Sang Prabu ndangu dhateng kawula: Kowe sapa? Wangsulan kawula: Kawula tiyang Amalek.
9 Lajeng pangandikanipun dhateng kawula: Mara mrenea, aku patenana, amarga aku krasa kejeng, nanging nyawaku isih.
10 Kawula nyelaki Sang Prabu lajeng kawula sedani, amargi kawula mangretos, bilih panjenenganipun temtu boten lestantun gesang, sasampunipun dhawah. Jamanging mustakanipun saha kelat baunipun sami kawula pendhet lan punika sadaya kawula aturaken wonten ing ngarsanipun gusti kawula.”
11 Senapati Dawud banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan wong kang padha ngadhep ana ing ngarsane iya padha tumindak mengkono.
12 Karodene padha nangis, anggone padha nangis karo puwasa nganti tumeka suruping srengenge, marga saka Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan putrane, marga saka umate sang Yehuwah lan bangsa Israel, jalaran padha mati kapupu ing pedhang.
13 Senapati Dawud banjur ndangu maramg wong kang nggawa pawarta mau: “Pinangkamu saka ngendi?” Atur wangsulane: “Kawula punika tiyang nglembara, tiyang Amalek.”