4 Prabu Hanun banjur dhawuh nyekel para utusane Prabu Dawud, kadhawuhan nyukur jenggote separo lan ngethok panganggone saka perangan tengah tutug ing bokonge, nuli dieculake.
5 Prakara iki diaturake marang Prabu Dawud, kang banjur dhawuh mapag, amarga para utusan iku padha nandhang wirang banget. Sang Prabu ngandika: “Padha lerena ana ing Yerikho, nganti jenggotira pulih maneh, nuli muliha!”
6 Bareng bani Amon weruh, yen dimungsuh Prabu Dawud, banjur kongkonan nyewa wong Aram-Bet-Rekhob lan wong Aram saka Zoba rong puluh ewu wadyabala dharatan, saka ratu ing nagara Maakha wong sewu lan saka wong Tob rolas ewu.
7 Nalika Sang Prabu Dawud miyarsa prakara iku, banjur dhawuh marang Senapati Yoab supaya mangsah perang kanthi sakehing wadyabala para prawira.
8 Bani Amon banjur nata gelaring perang ana sangarepe gapura; dene wong Aram saka ing Zoba lan Rekhob, apadene para wong Tob lan Maakha padha ndhewe ana ing ara-ara.
9 Bareng Senapati Yoab mirsa, yen mungsuhe mbebayani tumrap panjenengane saka ing ngarep lan saka ing buri, banjur nglumpukake wong Israel kang peng-pengan lan nata gelaring perang adu arep karo bala Aram.
10 Kekarene saka bala iku dipasrahake marang pamimpine Sang Abisai, sadhereke, kang nata gelar perange adu arep karo bala Amon.