6 Bareng bani Amon weruh, yen dimungsuh Prabu Dawud, banjur kongkonan nyewa wong Aram-Bet-Rekhob lan wong Aram saka Zoba rong puluh ewu wadyabala dharatan, saka ratu ing nagara Maakha wong sewu lan saka wong Tob rolas ewu.
7 Nalika Sang Prabu Dawud miyarsa prakara iku, banjur dhawuh marang Senapati Yoab supaya mangsah perang kanthi sakehing wadyabala para prawira.
8 Bani Amon banjur nata gelaring perang ana sangarepe gapura; dene wong Aram saka ing Zoba lan Rekhob, apadene para wong Tob lan Maakha padha ndhewe ana ing ara-ara.
9 Bareng Senapati Yoab mirsa, yen mungsuhe mbebayani tumrap panjenengane saka ing ngarep lan saka ing buri, banjur nglumpukake wong Israel kang peng-pengan lan nata gelaring perang adu arep karo bala Aram.
10 Kekarene saka bala iku dipasrahake marang pamimpine Sang Abisai, sadhereke, kang nata gelar perange adu arep karo bala Amon.
11 Senapati Yoab nuli meling: “Manawa aku kewalahan nglawan bala Aram, kowe kudu mbiyantu aku, nanging manawa kowe kewalahan nandangi bala bani Amon, aku bakal teka mbiyantu kowe,
12 Diteteg atimu lan payo padha nyantosakake atiku kanggo bangsa lan kutha-kuthane Gusti Allah kita. Muga Sang Yehuwah nindakna kang dadi karsane.”