11 Nanging Uria matur marang Sang Prabu Dawud: “Pethinipun Allah sarta tiyang Israel lan Yehuda sami wonten ing tarub, punapa dene Senapati Yoab saha para abdi dalem sami akemah wonten ing teba, kawula kok mantuk ngeca-eca nedha lan ngombe tuwin tilem kaliyan semah kawula? Demi sugeng saha nyawa panjenengan dalem kawula boten pisan-pisan badhe tumindak makaten.”
12 Sang Prabu Dawud ngandika marang Uria: “Wis ing dina iki sira lerena ana ing kene. Sesuk sira sunlilani mangkat!” Dadine Uria ing dina iku kari ana ing Yerusalem.
13 Esuke Sang Prabu Dawud dhawuh nimbali Uria didhawuhi ndherek dhahar lan ngunjuk, tuwin diendemi. Ing wayah bengi Uria tangi metu lan mapan turu ana ing paturone, amor karo para abdi dalem, ora mulih menyang omahe.
14 Esuke Sang Prabu Dawud damel serat marang Senapati Yoab lan dikirimake lantaran Uria.
15 Surasane layang iku mangkene: “Uria prenahna ing cucuking baris kang mbebayani, nuli sira sumingkira supaya wong iku tiwas.”
16 Ing wektu samana Senapati Yoab ngepung kutha Raba, Uria diprenahake ing panggonan kang wus kasumurupan, yen ana mungsuhe kang gagah prakosa.
17 Nalika para wong ing kutha iku metu nempuh perang nglawan Senapati Yoab, ana wadyabala sawatara kang kapupu, dalah Uria wong Het uga tiwas.