1 Sang Yehuwah Banjur utusan Nabi Natan sowan marang ngarsane Prabu Dawud. Tekan ing ngarsane Sang Prabu nuli munjuk, ature: “Ing satunggaling kitha wonten tiyang kalih: ingkang satunggal sugih, ingkang satunggal mlarat.
2 Ingkang sugih wau gadhah menda saha lembu kathah sanget.
3 Tiyang miskin punika boten gadhah punapa-punapa kejawi namung cempe estri alit satunggal, anggenipun tumbas lan dipun ingah. Cempe wau dados ageng sareng kaliyan anak-anakipun, nedha saking pulukanipun, ngombe saking tuwungipun lan tilemipun dipun keloni, prasasat anakipun estri kemawon.
4 Nuju ing satunggaling dinten tiyang sugih wau ketamuan; sarehne badhe mendhet salah satunggalipun menda utawi lembunipun piyambak kaolah kadamel nyegah tamunipun owel, pramila lajeng mendhet cempe estri gadhahanipun pun miskin wau, dipun olah kangge nyegah tiyang lelana ingkang dhateng ing griyanipun punika.”
5 Sang Prabu Dawud muntab dukane marga saka wong iku lan ngandika marang Nabi Natan: “Demi asmanipun Sang Yehuwah ingkang gesang, tiyang ingkang gadhah tindak kados makaten punika, kedah kaukum pejah.
6 Saha cempe estri punika mesthi kalintonan tikel sekawan, amargi nindakaken prakawis punika sarta boten gadhah piwelas.”