23 Sawuse kelakon rong taun, Pangeran Absalom nganakake pahargyan mbathili wedhus-wedhuse ana ing Baal-Hazor, ing sacedhake kutha Efraim. Pangeran Absalom ngulemi para putrane Sang Prabu kabeh.
24 Pangeran Absalom sowan marang ngarsane Sang Prabu, banjur munjuk: “Abdi dalem punika badhe ngadhah damel mbathili menda. Punapa Sang Prabu kepareng rawuh, kadherekaken para punggawa nyarengi lampah kawula?”
25 Nanging Sang Prabu ngandika marang Absalom: “Aja dadi atinira putraningsun, ngger, yen kabeh padha mrana, mundhak gawe repotira.” Pangeran Absalom banget panyuwune, nanging Sang Prabu ora karsa tindak, mung paring pangestu.
26 Pangeran Absalom matur maneh: “Manawi panjenengan dalem boten karsa, kalilana kangmas kawula Amnon kemawon tindaka kaliyan kawula.” Nanging Sang Prabu ngandika: “Apa ta prelune kangmasmu Amnon melu karo kowe?”
27 Ewadene sarehne Pangeran Absalom banget panyuwune, Pangeran Amnon dalah para putra liyane dililani melu.
28 Pangeran Absalom banjur mrentahi marang para abdine mangkene: “Padha diawas!” Manawa Amnon wis gambira marga saka sumuking anggur lan aku ngabani marang kowe: Amnon tempuhen, wong iku patenana. Aja wedi. Rak aku kang dhawuh marang kowe? diteteg atimu lan ngatokna gagah prakosamu.”
29 Para abdine Pangeran Absalom nuli nandukake marang Pangeran Amnon apa saprentahe Pangeran Absalom. Sakehe putrane Sang Prabu banjur menyat, nitih bihale dhewe-dhewe lan padha lumajeng.