27 Ewadene sarehne Pangeran Absalom banget panyuwune, Pangeran Amnon dalah para putra liyane dililani melu.
28 Pangeran Absalom banjur mrentahi marang para abdine mangkene: “Padha diawas!” Manawa Amnon wis gambira marga saka sumuking anggur lan aku ngabani marang kowe: Amnon tempuhen, wong iku patenana. Aja wedi. Rak aku kang dhawuh marang kowe? diteteg atimu lan ngatokna gagah prakosamu.”
29 Para abdine Pangeran Absalom nuli nandukake marang Pangeran Amnon apa saprentahe Pangeran Absalom. Sakehe putrane Sang Prabu banjur menyat, nitih bihale dhewe-dhewe lan padha lumajeng.
30 Nalika para putrane Sang Prabu isih padha ana ing dalan Sang Prabu Dawud midhanget pawarta mangkene: “Pangeran Absalom sampun nyedani sakathahing putranipun Sang Prabu, boten wonten satunggal-tunggala ingkang saged lolos.”
31 Sang Prabu banjur jumeneng, nyuwek-nyuwek pangagemane lan dhawah gumuling ana ing jogan, tuwin sakehe abdi dalem kang ngadhep, padha nyuwek-nyuwek panganggone.
32 Nanging Sang Yonadab, bin Simea, kang raka Sang Prabu Dawud, tumuli matur: “Gusti sampun nginten bilih para mudha para putra dalem sadaya sami kasedanan. Namung Pangeran Amnon ingkang seda, amargi prakawis punika sampun katawis wonten ing pasuryanipun Pangeran Absalom, wiwit nalika Pangeran Amnon masesa Sang Putri Tamar, rayinipun.
33 Pramila dhuh gusti kawula Sang Prabu, sampun nggalih, bilih sadaya putra dalem sampun seda, amargi namung Pangeran Amnon piyambak ingkang seda.”