1 Bareng Senapati Yoab bin Zeruya mirsa, yen Sang Prabu Dawud kangen marang Pangeran Absalom,
2 banjur utusan abdi menyang Tekoa marani wong wadon kang limpad ing budi, nuli ngandika marang wong wadon iku: “Bok kowe api-api kaya wong nandhang prihatin lan manganggoa sandhangan wong kepaten, aja jebadan lan polatanmu membaa wong wadon kang wis pirang-pirang dina nangisi wong mati.
3 Banjur lumebua marak Sang Prabu lan munjuka marang panjenengane mangkene.” Senapati Yoab banjur marahi marang wong wadon mau apa kang kudu diunjukake marang Sang Prabu.
4 Nalika wong wadon Tekoa marak Sang Prabu , lan banjur sumungkem raine konjem ing bumi, nyembah sarta matur: “Dhuh, Gusti kawula Sang Prabu, kawula nyuwun tulung.”
5 Sang Prabu nuli ndangu marang wong wadon iku: “Ana apa?” Unjuke wong wadon mau: “Dhuh Gusti, kawula punika randha, amargi semah kawula sampun tilar.
6 Abdi dalem punika gadhah anak jaler kalih; lare kalih punika sami kerengan wonten ing pategilan; sarehne boten wonten ingkang misah, ingkang satunggal nggebagi satunggalipun ngantos pejah.