21 Sawuse iku Sang Prabu ngandika marang Yoab: “Lah iya wis, panyuwun iki sunparengake. Lungaa, maranana wong anom Absalom iku, gawanen bali.”
22 Senapati Yoab banjur sujud, pasuryane konjem ing bumi lan nyembah klawan nyuwun berkah kagem Sang Prabu. Lan unjuke: “Ing dinten punika abdi dalem nyumerepi, bilih gusti kawula Sang Prabu karenan dhateng kawula, amargi gusti kawula sampun nyembadani panyuwunipun abdi dalem.”
23 Senapati Yoab banjur tindak menyang ing Gesur lan ndherekake Pangeran Absalom kondur menyang Yerusalem.
24 Nanging Sang Prabu ngandika: “Absalom kareben njujug ing omahe dhewe, aja nganti sowan ana ing ngarsaningsun.” Dadine Pangeran Absalom njujug ing daleme lan ora sowan marang ngarsane Sang Prabu.
25 Ing saindenge tanah Israel ora ana kang kaloking baguse munjuli Pangeran Absalom. Wiwit saka dlamakan nganti tutug ing embun-embunan ora ana cacade babar pisan.
26 Manawa paras -- ing wekasaning saben taun, amarga kabotan kagem panjenengane -- remane iku bobote rong atus sekel, miturut watu timbanganing krajan.
27 Pangeran Absalom kagungan putra kakung telu lan putri siji, kang asma Tamar, sawijining putri kang ayu rupane.