30 Pangeran Absalom banjur ngandika marang para abdine: “Lah palemahane Yoab ana ing sandhinge duwekku lan ing kana ana tandurane sair, padha mranaa, obongen iku!” Para abdine Absalom banjur ngobong pategalan iku.
31 Senapati Yoab banjur sowan manggihi Pangeran Absalom ana ing daleme lan matur marang Pangeran Absalom: “Punapa sababipun para abdi dalem sami mbesmi pasiten gadhahan kawula?”
32 Pangandikane Pangeran Absalom marang Yoab: “Inggih, kula sampun kengkenan tiyang mawi kula weling; panjenengan kula suwun rawuh mriki badhe kula purih sowan dhateng Sang Nata ngunjukaken atur kula makaten: Punapa prelunipun kawula wangsul saking tanah Gesur? Aluwung kawula tetep manggen wonten ing ngrika. Lah sapunika kula badhe sowan dhateng Sang Prabu. Manawi kawula kaanggep lepat, inggih sumangga kaukuma pejah.”
33 Senapati Yoab banjur sowan marang ing ngarsane Sang Prabu ngunjukake bab iku. Sang Prabu nuli nimbali Pangeran Absalom, lan banjur sowan marang ing ngarsane Sang Prabu, sumungkem wedanane konjem ing bumi. Sang Prabu banjur ngaras Pangeran Absalom.