10 Ing wektu samana Pangeran Absalom wis utusan telik marani sakehe taler Israel, kalawan piweling: “Samangsa kowe krungu swaraning kalasangka, banjur padha alok-aloka: Absalom wis jumeneng ratu ana ing Hebron!”
11 Kang ndherek tindake Pangeran Absalom saka ing Yerusalem wong rong atus; para wong kang oleh uleman ndherek ora nglegewa lan ora ngreti apa-apa mungguh ing prakara iku.
12 Nalika Pangeran Absalom arep saos kurban, banjur nimbali Sang Akhitofel, wong ing Gilo, juru pirembage Sang Prabu Dawud, saka ing kutha Gilo. Mangkono dadine pasakuthon iku sangsaya mundhak kuwat lan sangsaya akeh wong kang ngrojongi marang Pangeran Absalom.
13 Tumuli ana wong kang ngaturi uninga marang Prabu Dawud, unjuke: “Manahipun tiyang Israel sampun sami kelu dhateng Pangeran Absalom.”
14 Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang sakehe abdi dalem kang ndherek panjenengane ana ing Yerusalem, dhawuhe: “Padha tata-tataa, payo padha ngungsi, aja nganti kita ora bisa oncat saka ing ngarepe Absalom. Dikebat padha mangkat, supaya wong iku aja nganti enggal bisa nututi kita lan nekakake bilai marang kita lan nggecek kutha iki klawan landheping pedhang.”
15 Para abdi dalem padha munjuk marang Sang Prabu: “Sumangga sakarsa dalem gusti kawula Sang Prabu. Kawula sami sandika nglampahi.”
16 Sang Prabu banjur miyos lan saisine kraton padha ndherek tindake, mung garwa ampeyan sepuluh kang katilar padha tunggu kraton.