13 Tumuli ana wong kang ngaturi uninga marang Prabu Dawud, unjuke: “Manahipun tiyang Israel sampun sami kelu dhateng Pangeran Absalom.”
14 Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang sakehe abdi dalem kang ndherek panjenengane ana ing Yerusalem, dhawuhe: “Padha tata-tataa, payo padha ngungsi, aja nganti kita ora bisa oncat saka ing ngarepe Absalom. Dikebat padha mangkat, supaya wong iku aja nganti enggal bisa nututi kita lan nekakake bilai marang kita lan nggecek kutha iki klawan landheping pedhang.”
15 Para abdi dalem padha munjuk marang Sang Prabu: “Sumangga sakarsa dalem gusti kawula Sang Prabu. Kawula sami sandika nglampahi.”
16 Sang Prabu banjur miyos lan saisine kraton padha ndherek tindake, mung garwa ampeyan sepuluh kang katilar padha tunggu kraton.
17 Sang Prabu miyos kadherekake dening para abdine kabeh. Ana ing sacedhake omah kang wekasan banjur kendel.
18 Dene sakehe abdi dalem, dalah sakehe wong Kreti lan wong Pleti padha lumaku ngliwati panjenengane uga sakehe wong Gat, cacahe wong nem atus, kang ndherek panjenengane wiwit saka ing Gat padha mlaku ngliwati Sang Prabu.
19 Sang Prabu Dawud banjur ndangu marang Itai, wong Gat: “Yagene sira kok mlaku melu ingsun uga? Muliha lan ndhereka Sang Prabu, amarga sira iku padha wong neneka, apamaneh sira iku wong boyongan saka ing tanah kamulanira.