3 tumuli wong mau dipangandikani: “Mungguh prakaramu iku becik lan bener, nanging ora ana kang nyembadani marang kowe atas saka Sang Nata.”
4 Pangeran Absalom ngandika maneh: “Saupama aku ditetepake dadi hakim ana ing nagara kene! Sadhengah wong kang duwe prakara utawa padudon miturut pranatan, kena sowan marang ngarsaku lan bakal dakadili prakarane.”
5 Yen ana wong seba sujud nyembah marang Pangeran Absalom, banjur mulung astane, wonge dicandhak lan diaras.
6 Cara kang kaya mangkono iku ditandhukake Pangeran Absalom marang sakehe wong Israel kang arep sowan ing ngarsane Sang Prabu nyuwun pangadilan. Kanthi patrap mangkono anggone Pangeran Absalom mikat atine wong Israel.
7 Sawuse kelakon patang taun Pangeran Absalom munjuk marang Sang Prabu: “Mugi kalilana kawula kesah dhateng Hebron prelu ngluwari ujar kawula ingkang sampun kawula lairaken dhateng Sang Yehuwah.
8 Amargi abdi dalem punika nalika taksih wonten ing Gesur, ing tanah Aram, gadhah nadar makaten: “Manawa Yehuwah sanyata marengake aku mulih menyang Yerusalem, aku bakal ngabekti marang Sang Yehuwah.”
9 Sang Prabu banjur dhawuh marang Pangeran Absalom: “Iya mangkata, sunsangoni slamet.” Pangeran Absalom banjur cecawis lan tindak menyang Hebron.