1 Nalika tindake Sang Prabu lagi bae ngliwati pucak, Ziba, abdine Sang Mefiboset methukake Sang Prabu nggawa kuldi sarakit, kang dilapaki, dimoti roti rong atus iji, kuwih kismis satus emplek, woh-wohan ing mangsa panas satus lan anggur saimpes.
2 Sang Prabu banjur ndangu marang Ziba: “Kepriye karepira iki?” Ature Ziba: “Kuldi-kuldi punika kangge titihanipun para garwa putra dalem; roti lan woh-wohan punika kangge tedhanipun para abdi lan anggur punika kangge omben-ombenipun tiyang-tiyang ingkang kasayahen wonten ing pasamunan.”
3 Sang Prabu banjur ndangu: “Putrane gustimu ana ing ngendi?” Atur wangsulane Ziba: “Panjenenganipun wonten ing Yerusalem, amargi pangandikanipun: Ing dina iki turune Israel bakal mbalekake kratone kanjeng rama marang aku.”
4 Sang Prabu banjur dhawuh marang Ziba: “Yen mengkono saduweke Mifiboset dadia duwekira.” Unjuke Ziba: “Dhawuh dalem kawula pundhi. Mugi kawula lestantun manggih sih wonten ing ngarsa dalem, dhuh gusti kawula Sang Prabu.”
5 Bareng Sang Prabu Dawud rawuh ing Bahurim, ana wong jumedhul saka ing kono, kalebu saka santanane Prabu Saul, jenenge Simei bin Gera. Wong iku tanpa kendhat anggone ngipat-ipati karo nyedhaki Prabu Dawud.
6 Sang Prabu Dawud lan para abdine Sang Prabu padha disawati watu, sanadyan sakehe wadyabala lan para prawira padha ngurung-urung ing sakiwa tengene.
7 Mangkene pangucape Simei, nalika ngipat-ipati: “Lungaa, lungaa he wong kang ngwutahake getih, wong dursila!