6 Sang Prabu Dawud lan para abdine Sang Prabu padha disawati watu, sanadyan sakehe wadyabala lan para prawira padha ngurung-urung ing sakiwa tengene.
7 Mangkene pangucape Simei, nalika ngipat-ipati: “Lungaa, lungaa he wong kang ngwutahake getih, wong dursila!
8 Sang Yehuwah wus nempuhake getihe para kulawargane Sang Prabu Saul marang kowe, kang kokgenteni kaprabone. Sang Yehuwah wis masrahake kalungguhanmu marang anakmu Absalom. Lan saiki kowe nandhang sangsara, amarga kowe wong kang ngwutahake getih.”
9 Sang Abisai bin Zeruya nuli munjuk marang Sang Prabu: “Kenging punapa segawon pejah punika ngipat-ipati panjenengan dalem, gusti kawula Sang Prabu? Kalilana kawula nyabrang lan nigas gulunipun.”
10 Nanging Sang Prabu ngandika: “He, anak-anake Zeruya, ingsun melu-melu apa marang sira? Kareben ta ngipat-ipati ingsun. Amarga saupama Sang Yehuwah ngandika marang wong iku: Dawud ipat-ipatana, sapa kang bakal wani takon: Yagene kowe kok tumindak mangkono?”
11 Sang Prabu ngandika maneh marang Sang Abisai lan marang sakehe para abdine: “Dene putraningsun piyambak bae ngarah nyawaningsun, mendahane maneh turune Benyamin iki saiki. Wis togna bae, kareben ngipat-ipati amarga Sang Yehuwah kang ndhawuhi marang wong iku mangkono.
12 Bokmanawa Sang Yehuwah bakal nggalih marang kasangsaraningsun iki lan Panjenengane males kabecikan marang ingsun minangka lirune anggoningsun diipat-ipati ing dina iki.”