2 Samuel 16:8-14 JAV

8 Sang Yehuwah wus nempuhake getihe para kulawargane Sang Prabu Saul marang kowe, kang kokgenteni kaprabone. Sang Yehuwah wis masrahake kalungguhanmu marang anakmu Absalom. Lan saiki kowe nandhang sangsara, amarga kowe wong kang ngwutahake getih.”

9 Sang Abisai bin Zeruya nuli munjuk marang Sang Prabu: “Kenging punapa segawon pejah punika ngipat-ipati panjenengan dalem, gusti kawula Sang Prabu? Kalilana kawula nyabrang lan nigas gulunipun.”

10 Nanging Sang Prabu ngandika: “He, anak-anake Zeruya, ingsun melu-melu apa marang sira? Kareben ta ngipat-ipati ingsun. Amarga saupama Sang Yehuwah ngandika marang wong iku: Dawud ipat-ipatana, sapa kang bakal wani takon: Yagene kowe kok tumindak mangkono?”

11 Sang Prabu ngandika maneh marang Sang Abisai lan marang sakehe para abdine: “Dene putraningsun piyambak bae ngarah nyawaningsun, mendahane maneh turune Benyamin iki saiki. Wis togna bae, kareben ngipat-ipati amarga Sang Yehuwah kang ndhawuhi marang wong iku mangkono.

12 Bokmanawa Sang Yehuwah bakal nggalih marang kasangsaraningsun iki lan Panjenengane males kabecikan marang ingsun minangka lirune anggoningsun diipat-ipati ing dina iki.”

13 Sang Prabu Dawud banjur nglajengake tindake kadherekake para abdi, dene Simei mlaku terus nurut perenging gunung adu arep karo panjenengane lan karo mlaku tansah ngipat-ipati, nyawati watu lan ngabul-abul lebu.

14 Sang Prabu sayah banget nalika rawuh ing pinggire bengawan Yarden dalah wong kang padha ndherekake, sarta banjur padha ngaso ana ing kono.