2 Kawula badhe nempuh panjenenganipun mumpung sayah saha kendho semangatipun lajeng kawula damel kaget; sadaya ingkang ndherek Sang Prabu badhe sami keplajeng, saha kawula badhe saged nyedani panjenenganipun piyambak.
3 Sarana makaten kawula badhe mangsulaken sadaya tiyang katur ing panjenengan dalem kados dene temanten estri mangsuli dhateng semahipun. Dados ingkang panjenengan dalem angkah nyawanipun tiyang satunggal, murih sadaya tiyang manggiha wilujeng.”
4 Rembug mangkono iku disarujuki dening Pangeran Absalom lan para tuwa-tuwane Israel.
5 Nanging Pangeran Absalom banjur ngandika: “Husai wong Arki iku uga timbalana, supaya aku padha krungu, kang dadi rembuge.”
6 Bareng Husai wus sowan ing ngarsane Pangeran Absalom, nuli dipangandikani mangkene: “Mangkene rembuge Akhitofel; apa rembug iki kita anut? Dene manawa ora, mara sira matura.”
7 Husai banjur munjuk marang Pangeran Absalom: “Rembag ingkang dipun aturaken Akhitofel sapisan punika boten prayogi.”
8 Unjuke Husai maneh: “Panjenengan dalem boten kekilapan, bilih ingkang rama saha para balanipun punika sami prawira, saha bilih sadayanipun sami sakit manahipun, kados bruwang ingkang kecalan anakipun wonten ing ara-ara. Punapa malih ingkang rama punika prajurit sajatos, balanipun boten dipun parengaken tilem.