10 Bareng kaweruhan ing wong, dilapurake marang Senapati Yoab, ature: “Kula sumerep Pangeran Absalom genteyongan wonten ing wit ela.”
11 Senapati Yoab banjur ngandika marang wong kang ngaturi pirsa iku: “Apa? Yen kowe meruhi, yagene ora kokbanting ing lemah ana ing kono. Wis sapatute yen aku banjur ngganjar kowe dhuwit sekel selaka sepuluh sekel lan sabuk siji.”
12 Nanging wong mau matur marang Senapati Yoab: “Sanadyan kula kaganjara selaka sewu sekel, kula boten badhe nggepok putranipun Sang Prabu, amargi kula sami mireng piyambak, pangandikanipun Sang Prabu dhateng panjenengan, Sang Abisai lan Itai, dhawuhipun: Wong anom Absalom iku ayomana marga saka ingsun.
13 Kosokwangsulipun, manawi kula ngantos nyedani panjenenganipun, boten sande prakawis punika kauningan dening Sang Prabu sarta panjenengan temtu badhe nebih kemawon.”
14 Nanging Senapati Yoab ngandika: “Aku ora arep nyenyuwe ana ing ngarepmu kaya mangkene.” Banjur mundhut towok telu lan dijojohake ing jajane Pangeran Absalom, nalika isih sugeng gumantung ana ing satengahing epange wit ela mau.
15 Tumuli ana balane Senapati Yoab wong sepuluh, kang ngampil gegamane Sang Yoab, kang banjur ngepung Pangeran Absalom. Sang Pangeran digebagi lan disedani.
16 Senapati Yoab banjur ngunekake kalasangka, dadine para balane Sang Yoab padha mandheg anggone ngoyak-oyak marang bala Israel, amarga Senapati Yoab nyandet balane.