2 Samuel 18:12-18 JAV

12 Nanging wong mau matur marang Senapati Yoab: “Sanadyan kula kaganjara selaka sewu sekel, kula boten badhe nggepok putranipun Sang Prabu, amargi kula sami mireng piyambak, pangandikanipun Sang Prabu dhateng panjenengan, Sang Abisai lan Itai, dhawuhipun: Wong anom Absalom iku ayomana marga saka ingsun.

13 Kosokwangsulipun, manawi kula ngantos nyedani panjenenganipun, boten sande prakawis punika kauningan dening Sang Prabu sarta panjenengan temtu badhe nebih kemawon.”

14 Nanging Senapati Yoab ngandika: “Aku ora arep nyenyuwe ana ing ngarepmu kaya mangkene.” Banjur mundhut towok telu lan dijojohake ing jajane Pangeran Absalom, nalika isih sugeng gumantung ana ing satengahing epange wit ela mau.

15 Tumuli ana balane Senapati Yoab wong sepuluh, kang ngampil gegamane Sang Yoab, kang banjur ngepung Pangeran Absalom. Sang Pangeran digebagi lan disedani.

16 Senapati Yoab banjur ngunekake kalasangka, dadine para balane Sang Yoab padha mandheg anggone ngoyak-oyak marang bala Israel, amarga Senapati Yoab nyandet balane.

17 Banjur padha ngudhunake layone Pangeran Absalom lan dicemplungake ana ing luwangan kang gedhe ing alas kono, nuli didegi tumpukan watu kang gedhe banget. Sakehe bala Israel mlayu nggendring mulih marang kemahe sowang-sowangan.

18 Nalika isih sugeng Pangeran Absalom wis ngadegake tugu kagem sarirane piyambak, kang tumeka saiki isih ana ing lebak Ratu, awit pangandikane: “Aku ora duwe anak lanang, kang nglestarekake pangeling-eling marang jenengku.” Lan tugu iku dijenengake manut asmane piyambak, mulane tugu iku nganti saprene diarani: tugu pangeling-elinge marang Pangeran Absalom.