17 Banjur padha ngudhunake layone Pangeran Absalom lan dicemplungake ana ing luwangan kang gedhe ing alas kono, nuli didegi tumpukan watu kang gedhe banget. Sakehe bala Israel mlayu nggendring mulih marang kemahe sowang-sowangan.
18 Nalika isih sugeng Pangeran Absalom wis ngadegake tugu kagem sarirane piyambak, kang tumeka saiki isih ana ing lebak Ratu, awit pangandikane: “Aku ora duwe anak lanang, kang nglestarekake pangeling-eling marang jenengku.” Lan tugu iku dijenengake manut asmane piyambak, mulane tugu iku nganti saprene diarani: tugu pangeling-elinge marang Pangeran Absalom.
19 Ahimaas bin Zadhok banjur matur: “Kawula mugi kalilana mlajeng ngunjuki pawartos ingkang sae punika dhateng Sang Prabu, bilih Sang Yehuwah sampun paring adil dhateng Sang Prabu, inggih punika kaluwaran saking tanganing mengsahipun.”
20 Nanging Senapati Yoab ngandika: “Ing dina iki aja kowe kang nggawa pawarta, mung dina liyane kowe sing nggawa pawarta, mung ing dina iki kowe aja ngunjukake pawarta, manawa putrane Sang Prabu seda.”
21 Senapati Yoab banjur ngandika marang sawijining wong Etiopia: “Lungaa, ngaturna uninga marang Sang Prabu, apa kang wis kokdeleng.” Wong Etiopia iku sujud nyembah marang Senapati Yoab, banjur mangkat kanthi lumayu.
22 Ahimaas bin Zadhok banjur matur marang Senapati Yoab: “Punapa kemawon ingkang badhe kelampahan, kula inggih kalilana mangkat mlajeng, nusul tiyang Etiopia punika.” Nanging Senapati Yoab ngandika: “Yagene kowe kok kadereng arep mangkat, ngger? Apa kowe nggawa pawarta kang ana pituwase?”
23 Wangsulane: “Punapa kemawon ingkang badhe kelampahan, kula badhe mlajeng mangkat.” Yoab banjur ngandika: “Yen mangkono iya wis mlayua!” Ahimaas banjur lumayu metu dalan kang saka Lebak Yarden, temah tekane ndhisiki wong Etiopia iku.