2 Samuel 18:24-30 JAV

24 Kacarita Sang Prabu Dawud lagi lenggah ana ing antarane gapura loro, dene prajurit jaga munggah ing payone gapura iku, ana ing ndhuwur balowarti. Nalika prajurit iku ngawasake, ndeleng wong teka mlayu-mlayu ijen bae,

25 nuli nguwuh-uwuh, ngaturi uninga marang Sang Prabu, banjur dipangandikani: “Yen tekane ijen bae, mesthi nggawa pawarta becik.” Nalika wong mau sangsaya nyedhak,

26 prajurit iku weruh wong liyane, banjur nguwuh-uwuh aweh weruh marang kang jaga gapura: “Lah punika wonten tiyang malih ingkang mlajeng piyambakan kemawon.” Sang Prabu banjur ngandika: “Iku mesthi nggawa pawarta becik.”

27 Sawuse iku pecalang munjuk: “Tiyang ingkang dhateng rumiyin punika caranipun mlajeng kados caranipun Ahimaas bin Zadhok.” Pangandikane Sang Prabu: “Iku wong becik, tekane mesthi nggawa pawarta becik.”

28 Ahimaas banjur nguwuh-uwuh, unjuke marang Sang Prabu: “Sugeng!” Banjur sujud nyembah marang Sang Prabu, raine konjem ing bumi sarta munjuk: “Pinujia Sang Yehuwah, Gusti Allah dalem ingkang sampun masrahaken para tiyang ingkang sami ngagagaken tanganipun dhumateng gusti kawula Sang Prabu.”

29 Sang Prabu banjur ndangu: “Absalom, bocah anom iku apa slamet?” Atur wangsulane Ahimaas: “Kala wau kawula ningali kawontenan ingkang rame sanget, nalika Sang Yoab ndhawuhi kawula mangkat sowan dhateng ngarsa dalem, nanging abdi dalem boten mangretos punika punapa.”

30 Sang Prabu banjur ngandika: “Sumingkira menyang ing sandhingingsun, ngadega ing kene.” Banjur sumingkir nisih lan ngadeg terus.