4 Sang Prabu banjur ngandika marang wong akeh iku: “Apa kang sira wawas becik, bakal sunlakoni.” Sang Prabu banjur jumeneng ana ing sandhing gapura lan wadyabala kabeh padha metu budhal pepanthan atusan lan ewon.
5 Lan Sang Prabu paring dhawuh marang Sang Yoab, Abisai lan Itai, pangandikane: “Pangrengkuhira marang Absalom, wong anom iku, sing alus, marga saka ingsun. “Lan wadyabala padha krungu kabeh, nalika Sang Prabu paring dhawuh marang para tetindhihing bala tumrap Pangeran Absalom iku.
6 Wadyabala banjur mangkat menyang ing ara-ara nempuh marang bala Israel lan campuhing perang ana ing alas Efraim.
7 Bala Israel temah padha kasoran kagepuk ing perang ana ing kono dening balane Prabu Dawud lan ing dina iku wutahing getih nggegirisi banget: wong kang tiwas rong puluh ewu.
8 Campuhing perang ngambra-ambra nyrambahi saindenging tlatah lan alas iku nekakake pepati luwih akeh katimbang karo kang mati kamangsa ing pedhang.
9 Dumadakan Pangeran Absalom kepregok karo balane Sang Prabu Dawud. Anadene Pangeran Absalom nitih bihal, nalika bihal iku liwat ing sangisore bebuletaning pang wit tarbantin kang gedhe, mustakane kecantol ing wit ela iku, temah genteyongan ana ing antarane langit lan bumi, mangka bihal kang dititihi mbedhal terus.
10 Bareng kaweruhan ing wong, dilapurake marang Senapati Yoab, ature: “Kula sumerep Pangeran Absalom genteyongan wonten ing wit ela.”