2 Samuel 19:13-19 JAV

13 Lan Amasa wajib kokpituturi: Kowe iku rak kulit-dagingku? Muga Gusti Allah ndhawahna paukuman marang aku mangkene lan muwuhana mangkono, manawa kowe ora lestari dadi senapati nggenteni Yoab.”

14 Mangkono anggone Sang Prabu Dawud mulihake atine sakehe wong Yehuda bareng sakala, temah banjur padha ngunjukake panyuwun marang Sang Prabu: “Panjenengan dalem mugi karsaa kondur saabdi dalem sadaya!”

15 Sang Prabu banjur bidhal kondur lan rawuh ing pinggire bengawan Yarden. Ing nalika samana wong Yehuda wis padha tekan ing Gilgal arep methukake rawuhe Sang Prabu Dawud lan ndherekake nyabrang ing bengawan Yarden.

16 Simei bin Gera wong Benyamin saka ing Bahurim iya age-age teka kanthi para wong Yehuda methukake rawuhe Sang Prabu Dawud.

17 Uga ana wong sewu saka tlatah Benyamin kang mbarengi lakune. Lan Ziba abdine kulawargane Prabu Saul dalah anake lanang limalas sarta abdine rong puluh padha gupuh-gupuh ndhingini rawuhe Sang Prabu menyang kali Yarden.

18 Banjur nyabrang saka pasabrangan arep nyabrangake garwa-putrane Sang Prabu sarta nindakake apa kang dianggep prayoga. Simei bin Gera sumungkem ana ing ngarsane Sang Prabu, nalika Sang Prabu ndungkap nyabrang ing kali Yarden,

19 lan munjuk marang Sang Prabu: “Gusti kawula mugi sampun ngantos tetep nganggep kawula punika lepat saha sampun ngantos ngengeti dhateng pratingkahipun abdi dalem ingkang lepat, nalika panjenengan dalem jengkar saking Yerusalem; sampun ngantos panjenengan dalem nggalih dhateng prakawis punika malih.