20 Abdi dalem saestu rumaos, bilih abdi dalem sampun damel dosa lan mugi panjenengan dalem pirsani, ing dinten punika kawula ingkang rumiyin piyambak saking sakathahipun trah Yusup ingkang methukaken rawuhipun gusti kawula Sang Prabu.”
21 Sang Abisai bin Zeruya banjur nyelani, ature: “Punapa Simei boten kedah kaukum pejah, amargi rumiyin ngipat-ipati ingkang jinebadan dening Sang Yehuwah?”
22 Nanging Sang Prabu Dawud ngandika: “Sira melu-melu apa he anake Zeruya, kok ing dina iki sira nglawan marang ingsun? Apa ing dina iku nganti ana wong kang dipateni ing Israel? Apa kokkira ingsun ora pirsa, yen ing dina iki ingsun dadi ratu maneh ngereh bangsa Israel?”
23 Sang Prabu banjur ngandika marang Simei: “Sira ora bakal mati!” Sang Prabu banjur supaos ana ing ngarepe.
24 Sang Mefiboset bin Saul methukake Sang Prabu Dawud, ora wijikan sampeyane, ora diopeni jenggote lan ora dikumbah pangagemane wiwit Sang Prabu jengkar nganti tumeka kondure kanthi slamet.
25 Nalika panjenengane methukake Sang Prabu didangu dening Sang Prabu: “Yagene sira ora lunga ndherekake lakuningsun, Mefiboset?”
26 Atur wangsulane: “Nuwun inggih, gusti kawula Sang Prabu, kawula dipun apusi rencang kawula. Awitdene rencangipun abdi dalem kawula cariyosi makaten: Ngabah-abahana kuldi arep daktunggangi ndherek tindake Sang Prabu, ujer abdi dalem punika pincang.