2 Samuel 19:34-40 JAV

34 Nanging Barzilai munjuk: “Taksih pinten taun malih anggen kawula gesang, kawula kok kadhawuhan ndherek panjenengan dalem dhateng Yerusalem.

35 Sapunika kawula sampun umur wolung dasa taun, punapa kawula taksih saged mbedakaken prakawis ingkang sae utawi awon? Punapa kawula taksih saged ngraosaken punapa-punapa ingkang kawula tedha utawi kawula ombe? Punapa kawula taksih saged ngemataken larasing pangidunganipun para pasindhen jaler lan estri? Punapa perlunipun abdi dalem punika taksih dados tanggelanipun gusti kawula Sang Prabu?

36 Abdi dalem punika namung saged ndherekaken sakedhap dumugi ing benawi Yarden. Kenging punapa Sang Prabu paring ganjaran ingkang semanten agengipun dhateng kawula?

37 Kaparenga abdi dalem mantuk, supados kawula saged tilar wonten ing kitha kawula piyambak, celak kaliyan kuburipun bapa miwah biyung kawula. Nanging lah punika abdi dalem Kimham, ingkang saged ndherekaken gusti kawula Sang Prabu, saha kadamela ing sakeparenging karsa dalem.”

38 Sang Prabu nuli ngandika: “Iya becik, Kimham bae ndhereka ingsun, ingsun bakal nandukake apa kang kokkarepake lan sakehing panyuwunira bakal sunsembadani.”

39 Sawuse mangkono wong akeh padha nyabrang ing bengawan Yarden; Sang Prabu nuli pamitan marang Barzilai kanthi diaras lan uga banjur nyabrang. Wong iku banjur mulih menyang ing papan padunungane.

40 Sawuse iku Sang Prabu terus tindak menyang ing Gilgal lan Kimham ndherekake. Sakehe wong Yehuda lan saparone taler Israel padha ndherekake Sang Prabu: