2 Samuel 19:6 JAV

6 inggih punika anggen panjenengan dalem ngasihi tiyang ingkang sengit dhateng panjenengan dalem lan nggethingi para tiyang ingkang nresnani panjenengan dalem. Amargi ing dinten punika panjenengan dalem nelakaken, bilih para senapati lan para wadyabala sami boten wonten aosipun wonten ing ngarsa dalem. Malah kawula mangretos, bilih saupami Absalom taksih gesang, kawula sadaya sami nemahi pejah ing dinten punika, temtu ingkang makaten punika panjenengan dalem anggep sae.

maca bab lengkap 2 Samuel 19

tampilan 2 Samuel 19:6 ing konteks