17 Ing dina iku campuhing perang ngebat-ebati, lan Sang Abner sabalane padha disorake dening balane Prabu Dawud.
18 Putrane kakung Sang Zeruya telu, yaiku Sang Yoab, Abisai lan Asael padha ana ing kono; Sang Asael iku playune kaya kidang ana ing ara-ara.
19 Sang Asael anggone mbujeng nututi Sang Abner ora menggak-menggok mangiwa utawa manengen.
20 Senapati Abner banjur noleh lan ndangu: “Apa iki kowe Asael?” Wangsulane: “Iya aku.”
21 Senapati Abner banjur ngandika maneh: “Cekelen salah sawijining wong nom-noman iku lan rebuten gegamane.” Nanging Sang Asael ora karsa mandheg anggone mbujeng Sang Abner.
22 Senapati Abner banjur ngandika sapisan engkas: “Mandhega anggonmu mburu aku. Apa kowe njaluk dakgepuk nganti ambruk? Iba isinku nyawang marang kakangmu Yoab!”
23 Nanging Sang Asael ora kersa mandheg. Senapati Abner banjur njojoh lambunge Sang Asael kalawan tumbake, nganti tembus ing gegere, temah ambruk ana ing kono lan seda ngenggon. Sakehing wong kang padha teka ing panggonane Sang Asael kang ambruk banjur seda mau, padha mandheg.