1 Nalika semana ing kono pinuju ana wong dursila, jenenge Seba bin Bikri, wong Benyamin, iku ngunekake kalasangka sarta ngucap:“Kita ora duwe panduman saka Dawud.Kita ora duwe warisan tumrap anake Isai.He wong Israel, payo padha mulih menyang kemah kita dhewe-dhewe!”
2 Sakehe wong Israel banjur padha ninggal Prabu Dawud lan ngetutburi Seba bin Bikri, dene wong Yehuda tetep setya marang ratune, padha ndherekake tindake wiwit saka bengawan Yarden nganti tekan ing Yerusalem.
3 Sarawuhe Sang Prabu Dawud ing Yerusalem, banjur nimbali garwa ampeyan sepuluh, kang ditilar ngreksa kraton, nuli dilebetake ing sawijining omah tutupan; Sang Prabu ngingoni para wong wadon iku nanging ora dirawuhi. Padha dikebonake kaya randha nganti sapatine.
4 Sang Prabu Dawud ngandika marang Sang Amasa: “Para wong Yehuda kerigna sajrone telung dina, sawise sowana mrene maneh!”
5 Sang Amasa banjur mangkat ngumpulake wong Yehuda, nanging kuwajibane diendhe-endhe nganti kliwat wektune kang katemtokake dening Sang Prabu.
6 Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Sang Abisai: “Ing wektu iki Seba bin Bikri iku tumrap kita luwih mbebayani katimbang karo Absalom, mulane sira bae ngirida balane gustinira, lan wong iku burunen aja nganti mlebu ing kutha beteng temahan mrucut saka ing tangan kita.”